Total Tayangan Halaman

Minggu, 29 Desember 2013

BABAD BANYUMAS

BABAD BANYUMAS

Purwa-wacana
Purwaning atur, mugi kaidinan dening Pangeran Ingkang Murbeng Gesang; Ingkang tansah hangreksa tuwin tansah memayu hayuning sagung pra titah ing madya pada dalah ing muswa-pada, ingkang agal  miwahingkang alus.
Ingkah tansah paring kabagyan, kaharayon, tuwin kasarasaning jiwa raga; Ingkang tansah paring rejeki dalah sak gung kanikmatan manika warni dhumateng sak gung kanikmatan maneka wani dhumateng sak gunging janma ing Madya Pada, kalebet kawula sedaya ingkang numpang gesang ing wewengkon Bumi Kabupaten Banyumas.
Dhahat saking gunging raos rumaos, pramila ….. sigra tumungkul; … sumungkem mring Ibu Pertiwi; … sak lebeting driya … tumenging tawang; … manembah mring Gusti Ingkang Maha Amurba … Maha Amisesa Jagad Raya dalah sak isinipun, inggih Panjenenganing Allah Subhana Hu Wata’alla. Kanthi weninging cipta tansah ngunjukaken puja-puji sukur ingkang tanpa pepindhan, soho raos agunging panuwun-nuwun ingkang tanpa winates dhumateng kamirahan sarta welas-asihing Gusti Ingkang Asipat Langgeng tan kenging owah gingsir.
Para nupiksa ingkang satuhu wicaksana ing budi.
Mugi kaparenga kawula ndherek cawe-cawe, urun dedongengan sak wetawis, ingkang mbok menawi wonten sesambetanipun kalihan Babad (Sejarah) Banyumas.
Wondene cariyos punika, among adhedhasar “pamireng” ingkang kawula tampi, duk nat kala nampi wejangan saking panjenenganipun Suwargi Bapak R. Ngumar ing tahun 1958.
Dene Bpk. R. Ngumar, ngasta padamelan dados Komis ing RSUB Banyumas, wiwit jaman Revolusi ngantos pensiun atawisipun taun 1960.
Bpk. Ngumar, kadang tarunanipun  (adhi wuragil) suwargi Bapak Dr. R. Angka; punika sami putra-putranipun Bupati Banjarnegara duk rumuhun.
Wejangan cariyos Babad Banyumas punika, kapendhet saking cathetan-cathetan, anggitanipun suwargi Dr. R. Sosro Kartono duk ing nguni.
Para nupiksa ingkang sayekti luhuring budi.
Esthining manah kawula muhung kepingin nderek memetri angleluri  gesanging Kabudayan Jawi; murih sampun ngantos “onya” saking jagating pasrawungan. Jer punika wewarisan saking para leluhur kita duk ing nguni, ingkang kedah saged kalestantunaken, murih kita mboten kecalan ajining-dhiri (jati dhiri), minongka kapribadining Bangsa Jawi inggih Bangsa Indonesia, ingkang sampun kawentar menggah Adi Luhuring Budaya ing sak indhenging Bawono.

Wondene kathah kelentuning atur, sarta cariyos ingkang geseh kaliyan ingkang sak leresipun, mugi para nupiksa kapareng paring agunging samudra pangaksami. 
Wasana mugi Rahayu ingkang tansah pinanggih.

Nuwun,
Tenggaran, 5.8.
Tgl. 8 Pasa Je: 1934


Kusnandar
































“Babad Banyumas”

Kacariyos duk natkala sunaring wulan purnama sidi amadhangi Jagad Praja Majapahit, katinon saking mandrawa ing telenging Samudra kidul,  mancorong angenguwung gumebyar tejanipun, pindho baskara mungup-mungup arsa miyos madhangi Jagad Raya.
Kaendahaning swasana ingkang sakelangkung anengsemaken punika wau, pranyata saking kaprabawan dening daya pangaribasaning Kanjeng Gusti Ratu Kudul, ingkang nedheng ngawontenaken Parepatan-Agung. (Sidang Paripurna).
Sedaya para Tetungguling Dhedhemit ing sa indenging Nusw Jawi, sami sumewa datan wonten ingkang kantun.
Minggah wigatosing pasewakan perlu ngrembag bab wangsiting pasewakan, perlu ngrembag bab wangsiting Hyang Maha Agung, ingkang paring dhawuh kinen maradinaken Bumi Nuswa Jawi, supados mboten  kawratan kanan tuwin kiring; Dene ing sak madya ning tanah Jawi, katanemana wiji gesang titising Tirta prawatasari murah saged tumuwuh kanthi sae, suket-suket teki ingkang sami thukul ing sa kiwa-tengenipun, kedhah dipun bedholi.
Kanjeng Ratu Kidul tanggap ing sasmita, ngumandika sak lebeting driya;  Ing sak dangunipun,  Tanah Jawi Tengah dereng nate kepanggenan Praja (Pamrintahan) sarta taksih awis-awis janma manungsa ingkang manggen ing papan ngriku.
Jawi wetan sampun dangu madeg kaprajan ….. mekaten ugi Jawi kilen; Dene Jawi Tengah maksih awujud wana-gung liwang-liwung; tuwin gunung-gunung ingkang ketingal pating jenggereng.
Ingkang manggen naming bangsaning brekasakan; jim setan peri perayangan; ilu-ilu banaspati, thek-thek klung, le-le pah, glundhung pringis lan sak saminipun.
Sakelangkung kathah sato-sato galak tuwin gegremetan ingkang ngemu wisa.
Sang Ratu menggalihaken satunggaling Gunung ingkang sakelangkung ageng, ugi langkung dening inggil … prasasat sundhul ing ngantariksa. Kathah ingkang mastani “Gunung Puser” (Pusering Tanah Jawi). (Puser = pusat = sentral).
Pramila mboten saged kepanggenan Ratu. (Ratuning jalma abadan wadhag), amargi kasaran dening daya pangaribawaning Gunung Puser punika wau.
Manawi kalajeng-lajeng kados mekaten, ing sak lami-laminipun, Jawi Tengah temtu badhe sepen;  Sepen saking ulah kridhaning manungsa; Jangkaning Pangeran, mboten makarti;  Amargi owah-ging siring babagan Dunya, … manungsa ingkang kaparingan purba wasesa kinen mbudidaya amrih saenipun; sae tumrap sa sama samaning tumitah. Dene menggah kasembadaning gagayuhan, muhunging astaning Pangiran Ingkang Maha Kuwaos.

Wasana kawiyos sabda pangandikaning Sang ratu.
Jleging angkara timbuling pratiwi ……….. Para Pangarsaning Dhedhemit kabeh, kadi paran mungguh panemu nira ing babagan iki?

Kaki Buta Locaya dhemit Pambau Reksa Tanah Kedhiri, munjuk atur;  (sarwi gumujeng).
He … hi hi hi  eh … ehemh …. Wah … wangsiting Pangeran niku … wangsiting Pangeran niku … gawe bingung, e; judheg leh kula mikir; … ana Tanah Jawa kok kon diratakke … niku pripun? … wah … like paring dhawuh niku, … ngawur, e … Lha mengke … menungsani rak ya … dho mati kabeh, no.
Lha njur kula niki … bangsanig pra dhemitan, … padha leren leke dadi dhemit; … mboten onten pegaweyan kok … sing di bau reksa niku sinten … wong manungsane dho mati kabeh ….

Kaki sapu reget dhemit Betawi nyela-nyela: … Lha iki mengko, pol-pole, … Siwa Buta Locaya rak arek muni; Sing ajeng nyajeni kula niku sinten; … wong manungsane mboten onten … he he he he ….

Setan Kabiri dhemit Cirebon nywara sara; Iki … rembugan tanaman … aja ngrembug bab panganan  … okey, ….

Ki Dhadhungawuk, dhemit Brebes, … Lhah ari panemune inyong tah … cocog nemen rah … mbari uwane; … uwa Buta Locaya … ; justru mangsalah pangan, … kuwe pokok sing nomer siji dhewek … sing kudu di rempug mateng … ya apa belih Gis … hih Buta Gigis; aja mentheleng bae kowen matane … sajenne kurang nong, … belih ana rokok paremme.

Buta Gigis dhemit Tegal semaur;   Lah … ngomong apa kowen; … jastra-justru … kepimen; … mangsalah … ngomong sing mulus bae ho … bilih ana kuwi neng kamuse inyong … kuwi … omongan sing during lair.

Kaki Dremba Moha dhemeit Purbalingga: wong ngomong kuwi kudu nganggo wirama … delaras … dadi de rungokena kepenak neng kuping … ora mlinder.

Ki Guntur Geni dhemit Pekalongan; Lha iya … laras slendro apa pelog … ndarung … lagune, … asmarandana, apa kinanthi, … sing genah ….

Ki Sembung Yuda dhemit Pemalang;  Omongan kuwi rausah nganggo lagu; singngrungokake dho ngantuk; … ngono, … ora kober mikir

Ki Barat katiga dhemit Pambahureksa Semarang;
Wis … aja padha omong sing ra … ngenah-ngenah … dhe ngertinana ya lur, … iki rak neng “Pasiwakan Ageng” … di tonton sarta dirungokake para kawula pradhemitan ing sak indenging Bawana … Bisaa dadi tetuladhan … bisowa dadi tepa palupi ingkang becik; ingkang apik; sarta padha tumindak bener; … sukur bagi bisa “pener”; …. Mesthine rak ya kudu padha bisa “meper hardening angkara” kudu padha bisa njaga marang trapsila, unggah-ungguh … sopan-santun; tata-krama … sarta empan-papan; … ngelingana! … sing nyengkaki  “ngaluhur” … dadi “priyagung” … kuwi, … para kawula cilik … sing isih dho kurang pangan … kurang sandang … kurang, … malah tanpa papan; … kurang pamulangan … cekake kurang sakabehe.

Mbah Aji Dipa Dhemit Pambahureksa  pegunungan  Kendheng  (pambarisan); Tek rungok-rungokna kapet mau, sing tek biji satus, kuwi panemu sekang Semarang; … Kiye … inyong kabeh … de kumpulena meng kene kite, … kon padha mikir … mikirena kemajuwaneng jaman; kewe gep kepriwen  … kaya kuwe; … nggo nekakena, kambi nggo nguirusi … nggo ngodheni mpeyan kabeh, … kuwe wragade, banget gedhene; … jagad mage kuwe wragad, … dana, … anu kang ngendi; … rumangsani anu … mretuamu apa; … Mulane de wragadi bangeting gedhe, kuwi kon padha mikirena gegayuhan sing lewih dening gedhe, lewih dening abot sanggane, lewih dening rumpil dalane, … kuwi bisaa kasembadan.
Sranani kudu nunggal rasa, nunggal karsa, tanpa pineksa, saiyeg sneak-praya, mbudidaya, ngetog cipta, ngtog tenaga, sinambi ndedonga, mrih kasembadaning sedya; … Mulane mayuh padha ginau! …. Ginau rerempungan sing becik … sing bener.

Midhanget pangandikanipun mbah Aji Dipa, para dhedhemit sa kiwa-tengenipun sami atur wangsulan;  ngestoaken dhawuh Pak Guruuuu, … hi hi hi hi ….

Kaki Durganeluh lan Ki Raja Baureksa; kalih-laihipun ingkang ambaureksa Majapahit;  a  ;    ah … bener kang; … kandhani paman Aji Dipa …  sing wigati, kabeh pradhemitan kudu sa iyeg sa ika kapti …ngatakake tanah Jawa ….;    b    ;      Hih … aja waton ngucap … sing dadi karepake, … ngratakake iku, … Tanah jawa sisih tengah, kinen diiseni janma linuwih; … wiji saka witan, nyawiji karo wiji saka kulon; nanging mawa prabeya … lan mawa sarana ….
:   a   ;  Apa beyani, … lan apa saranani … ?
;   b   ;  Hemh … kokehan kasenengan kowe, … mula nora waskita ….

Mekaten menggah swasana ing Parepatan Ageng katingal gayeng; linambaran raos pasedherekan ingkang rumaket, temah mboten wonten sulayaning rembag. Murih wijiling cipta mboten benter, pramila sinambi gegujengan sak wetawis, minangka panglipur.
Sak leresipun sanggyaning para dedhemit sampun sami tanggap ing sasmita, menggah pakaryan ingkang badhe linampahan.
Ewa semanten ugi wonten  Bangsaning Dhedhemit  ingkang kasinungan watak panas baran murih kuncaraning dhiri-pribadi.
Alam Marcapada; … alam sarwa kasat mata; … kasinungan kamukten sarta saged ngraosaken kanikmatan ingkang maneka-warni.
Reeep … sinden premanem … dupi miyarsa sabda pangandikaning Sang Ratu; alon wijiling wicara;
Para Pangarsaning Dhedhemit kabeh kang banget sun tresnani; … Kaya wus nora bakal sisip … wangsating Sang Hyang Maha Wenang; … Kalamun wus ndungkap … prapting wahyuning mangsa kala; … Bumi Jawa perangan Tengah, anemahi owah – gingsiring kahanan; ingkang mawa sarana; angka siji; Angengurangi daya pangaribawaning Arga Puser, kanthi laku “nyuda dhuwure”. Angka loro: Tuwuhing wija gesang  “Pinilih”, sinartan bebanten  “Priyagung Binantara”. Sarta ambrastha sanggyaning pepalang, ingkang mijil saking budi candholo dur angkoro, lelethek memalaning Bawono.
Ingkang angka telu; mbudidaya madeging kaprajan ing leladan Jawa Tengah.
Iki pakaryan gedhe; kang dadi jejibahaning sak gung para dhedhemit; Mula ing dina iki  uga; Sun Dhawuhake siyaga ing gawe; … Ngiras pantes nodhi marang kasudibyan; jaya-kawijayan; kdigdayan, … ingsun nganakake patembaya (sayembara); Sapa bisa ngedhepake gung puser”, sun paringi purbawisesa … ambau-reksa … jumeneng pangwasaning wewengkon peranganing Jawa Tengah sisih kidul kulon.
Terang-terwaca dhawuhing Ratu, sedaya sami nun inggih sendhika dhawuh … nedya hanglampahi.
Purna parepatan agung ing telenging Samudra Kidul.





















“Rahadyan Kalanadhah”


Kacariyos sakpengkaripun parepatan agung, R. Kalanadhah … ketingal thenguk-thenguk lenggah tanpa rowang ing sak ngandhaping mandhira gung, ingkang tuwuh angrembuyung sak pucaking Ardi Puser-Bumi.
Sak lebeting driya tawan-tawan tangis dhahat karerantaning tyas; … menggalih kawontenan sangkan paraning agesang  … ingkang hangelangut  tanpa pungkasan …  tan wonten pangarsa-arsa mrih kamulyaning priyangga.
Punapa sa darunipun, dene tinitah gesang asipat dhemit ingkang tansah kombak-ombul ing “Alam-Antara” ?
Sinten baya ingkang anurunaken, dene gesang tanpa yayahrena … tanpa sanak tanpa kadang.
Langkung begya yen to tinitah dados manungsa, gesang ing Alam Marcapada; … alam sarwa kasatmata; … kasinungan kamuten sarta saged ngraosaken kanikmatan ingkang maneka warni.
Mekaten menggah pangudasmaning driya yen to kawedharing lisan; Dhuh …  dhuh Gusti Pangran Ingkang Maha Agung; … Ingang Maha Welas … Maha Asih … Maha Adil … Maha Kawicaksana … Menapa pidosa kawula sakalangkung geng; dene  tinitah dadops dhemit? Mangka sipating Dhemit; kenging;  … kenging sakit kang kenging pejah; … Dene yektosing gesang punika sejatosipun kasangsaran; … menawi mboten saged pejah ateges kinen ngraosaken raosing kanarakan … pidana siksa ing sak lami-laminipun. ..  Dhuh Gusti  … bak pinika ing kayektenpun  bilih sak dangunipun kawula dhados dhemit, naming dhemit ingkang tanpa gina … dene mboten pisan-pisan darbe panguwaos, murih saged asung darma-bekti dhateng se sama-samaning tumitah.
Ing sak danginipun, kawula naming dados abdi … gedibaling para dhedhemit ageng sak Muswa jawi; Kang Minangka, dhemit-dhemit ingkang dados Gusti sesembahan kawula, kathah ingkang sami tumindak sesonggaran … adigang adigung adiguna … dak siya sarta sak wenang-wenang.
Tanpa gina gesang kawula, yen ta tan saged ambrastha watak-watak budi candholo  … pakarti asor ingkang sansaya angrembaka ingkang nendya badhe adamel  karisakan ageng tumrap gesang sarta panggesanganing para titah ing madyapada.
Dhuh Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Gesang; … among paduka ingkang kawula sembah … ugi among Paduka ingkang dados telenging manah kawula; … murih mboten kalajeng-lajeng anggen kawula nandhang siksa neraka, prayogi kalebur kawula gesang kawula ingkang tan piguna punika; … kaparinga rinilan gesang kawula … ngabyantara ing ngarsa paduka.
Mekaten R. Kalanadhah langkung dening nandhang prihatos; … esthining manah datan sanes among kepengin sigra wangsul dating angsal kamulyanipun, inggih ing Alam Sonyaruri; Alaming Pangeran sayekti.
Sampun gambling tekadipun, R. Kalanadhah sigra mangsh samadi maladi henng; Sidhakep saluku tunggal, … sarwi mranata panjng-wijiling uswa; … sreh alon lampahira; … tri pandhurat kemput angijeri Tri Bawono, inggih Tri Loka; Yana Loka … Endra Loka … Guru Loka … mekaten, ma wadya laksana/ ma wantu-wantu.
Sampurna lampahing uswa,  (napas); sigra mantepaken suraosing Aji Sastra Jidra Yuning Rat pangruwating Diyu; … mandeg pucaking grana, tumuju mring dununing caksana; Amung suk juga ingkang sinidikara; meminta wewenganing Pangeran ingkang Maha Mulya … Maha Suci Sejati.
Wasana recep sidhem premanem; … jagad sepitan ana gandha … swara … rupa miwah warana; Pakartining Satwan Driya  kapuntu .. katinonsak  ing prmananing  Rahsa Jati; … teja manther sak sada lanang gedhene … plas … kemlibat kadi kilat cumlorot amiyakwarana Alaminmg Budi … endah warnani pating gelebyar cahyani kadayan weninging cipta.
Saking genging pangesthi, datan nglegiwa kaendahan Alaming Budi; … Temah kawiyak warananing Alam Angkara … pranyata endah linangkung; pating pancorong cahyani, kaprabawan dayaning Catur Angkara; … satuhu gawat kaliwat; mawa daya pangaribawa langkung dening hanggeirisi; (mila kathah ingkang sami cabaring lampah samadi, margi mboten kenceng pangesthinipun; utawi mboten agung tekadipun).
Mangkono Alaming Angkara sigra karuwat, nuli katon kawiyak warananing Alam Suksma; Langkung dening endah  swasanani mwa praa kumenyar, hanelahi … gawe kapranan sarta sengseming kang samya mulat.
Gung bawaning pangesthi, tan kegiwang kaindahan Alaming Susksma.
Wasana … tinarbuka … warnaning Alam Rahwa Jati; Tanpa pepindhan endahing swasanane  … sak jagat raya kang ana padha … padhang gumilang datanpa wawayangan … adhem ayem tentrem kahanani ….
Amung sak gebyaring thathit jleg … tanpa sangkan paraptane Sang Hyang mayangga Sita … katon ngalila ing madyaning Alam Rahsa Jati.  Sayekti Agung daya pangiribaya ning Sang Guru Sejati; … Mangkono wijiling pangandika; Heh Kala nadhah … away sira kaduk ing panalangsa … sastra aywa anggege mangsa  … nyentuput panjanging uswanira … kalamun mangkono patrapira, … ateges nora percaya  mring kawicaksananing Hyang Maha Suci; … Elinga begya begyaning titah, ora kaya kang eling lan waspada; … linambaran sabar narima rila legawa … sarta tan kurang pasrah sumarahe mring Pangwasaning Hyang Maha Wenang.
Kala nadhah … minangka sarana kesembadaning pakarti luhur; pigunakna sesupe retna musthikaning tirta narmada … tumuli wudharna nggenya sami dadi … ulun kondur ma Kahyangan.
Gregah anulya wungu Dyan Kala nadhah … kagyat sanalika dupi mulat dariji kanan katingal gumebyar prabani  saking sesupi tirta narmada.

 “Prastawa Giri Puser Bumi”

Ing dinten Tumpak (saptu) Pahing, ngestokaken dhawuhing Sang Ratu Kidul, sedaya dhedhemit ing Nusa Jawi, sami kempal ing sukuning Ardi Puser.
Sang Ratu ingkang sampun “Netra Bathara” among paring sasmita saking Kahyanganipun, ing telenging Samodra Kidul.
Wondene ingkang kathah kinen mranata lampahing patembayan, sedaya para Dhedhemit ingkang sampun yuswa sepuh; kados dene; Ki Buta Locaya saking Kedhiri; Ki Aji Dipa saking pegunungan Kendheng; Ki Tunjung Puri saking Jenggala; Ki Wanara Sita saking ardi Kendhali Sada lan sanes –sanesipun.
Sedaya para dedhemit ingkang sami nglebeti sayembara, sampun sami siyaga asikep gegaman pusaka nipun piyambak-piyambak.
Nyarengi pletheking Surya sayembara kawiwitan.
Katimbalan setunggal mbaka setungga, manut uruting angka tuwin nami, ingkang sampun dipun serat saking asiling kocokan.
Ingkang tinimbalan tumunten majeng; ngetog kasudibyanipun, mawi daya kekiyataning kanuragan, sarana mandining Ajijaya kawijayan, tuwin ampuhing sanjata pusaka-pusakanipun.
Danguning tumandang damel, kawatesan mawi petangan angka 1 (setunggal) dumugi petangan 18 (wolulas) = kinten-kinten 3 menit. Menawi dumugi petangan wolulas; mboten saged ateges asoring ngayuda; … makaten ing sak lajengipun.
Sakelangkung kawontenaning palagan tetandhingan; … ing saben-saben tansah kepireng suwanten surak  mawurahan; gumaleger bawanipun, kadi hangoreg-oregna bantala … Ingkang sami cabaring damel, sami pinoyokan sarwi dipun gegujeng sanggyaning para dhedhemit. Saweneh wonten ingkang mbengok; hooo … turu wae neng senthong  … tiwas kesel ora kanggo nggawe … mula dadi dhemit ora pethitha-pethithi … ndak kewirangan … pasrah wae sak durunge kalah … iku jeneng ngeman awak … wis … ndang  mundura … ra usah celala-celili … gentinen karo kancane …. Iki lho …  tontonen, nadyan dhemit wadon … saka Gunung Tengger … ni Otar wiyah … kang minul yeng Jagad ….
Wah … ha ha ha ha … ni Otar wiyah tiba kerngkeb … apesjyane  … wong si dipuikrke mung wong bagus thok … hi hi hi … dhemit mata lanangan.
Makaten, antawisipun, Ki Carub Bawr dhemit Lamongan makaten ugi Ki Buta cariyos  saking Mandura … Ki Kala Kathung saking Blitar … anggenipun sami angleledhek dhateng ingkang sami tumandang damel.
Bawaning tentandhingan ageng, ing ngantariksa kewtinal peteng dhedhet lelimengan … saking kumebuling lebu katiub ing samirana … sakedhap-sakedhap bumi genjot … wreksa-wreksa  greng sami rebah … pathing sulayah … gemabrung swantenipun … Sato-sato wana sami kaplajar pados gesang … jim setan  peri perayangan lan sak bangsanipun, sami ngungsi dating papan sanes.
Kacariyos ingkang makahyangan ing Arga Puser, panjenengnipun Sang Hyang Praba langit, kalayan kadang sarananipun, asma Sang Hyang Parabangkara. Pramila mboten wonten titahing nga bathara ingkang saged nungkulaken Arga Puser; Amung titah ingkang sampun sapa-temon  kalayan Suksmanipun, sarta pikantuk kaparenging Pangeren Ingkang Murbeng Bawana, ingkang saged hangentasi karya.
Wancinipun meh serap surya; Parandene dereng wonten setunggal kewala ingkang saged nugel anggening Gunung Puser.
Ingkang pungkasan R. Kalanadhah katimbalan ….
Meh sedaya dhedhemit nyengenges angremehaken;
He … Kalanadhah … becik sira mundura ya le, eman-eman bagusmu … kowe dhemit bocah wingi sore … apa sing arep kok endelake he, … dhemit-dhemit tuwa … digdaya sekti mahambara … ora dho kuwawa … apa manewh kaya dhapuirmu hi, ….
Tan sarana Dyan Kala nadhah sigra matek aji; musus astanira sarwi nggejug bumi, … del; minggahing tawang; saking lengkehing Gunung Puser sisih ler; Asta kananka temakaken ing perenging Arga; Sanalika gumaleger swantenipun, kadi ambelah-mbelahna Bawana … dumados prahara sindhung riwut sakelang ageng … pucaking arga tigas kapisanan, kabuncang maruta ngidul ngilen paranipun.
Bubar mawut; puncaking Ardi sisih wetan, jebol … kabuncang mangidul ngetan pating salebar … sami dhawah saparan-paran ….
Kawahing Ardi umob mawalikan dahana mangalad-alad sumembur sundhuling ngawiyat … ketingal ngantariksa kadi kawelagar, … baladher benter nyembur-nyembur santer ilinipun mangadhep ingkang katarajang musna sanalika ….
Kacariyos anyarengi ambroling pucak Gunung Puser, sesupe Retna mustakaning tirta narmada, uwal, lepas saking dariji, kabuncang mangidul paranipun, dhumawah sakiduling lepen ageng; gemleger swantenipun; ical sipating sesupe, dumados bilik, ingkang angedalaken tirta wening akiclong-kinclong, mawa praba sumunar kadi cahyaning kencana; saking kaparengipun Sang Ratu Kidul, minangka tetenger, mbenjing rejaning jaman, menawi dados Desa, ing papan wewengkon ngriku, kawastan Desa “Banyumas”.
Dene pencriting Ardi Puser ingkang dhawah saceleking pessisir kidul sisih kilen, ing tembe kawastanan “siti Inngil” tegesipin siti perangan nginggil piyambak ingkang minangka puncaking Gunung Puser.
Peranganing Gunung Puser  ingkang dumawh sak wetaning Siti Inggil, ing tembe kawastanan “Gunung Sarandil” mengku suraos, “Sarana Adil” inggih adiling Ingkang Moho Kuwaos. Sarandil, dangu-dangu lajeng mungel “Serandhil”.
Dene perangan puncaking Ardi Puser ingkang dhumawah ing wewengkon Banjarnegara, ing tembe kawastanan Guinung Dieng; artosipun “di” = adi = endah = saemenggah kawontenanipun.   “eng” = aeng = elok = aneh; sae kawonenanipun, nanging aneh kadadosanipun, dene sakawit mboten wonten; ngertos-ngertos sampun njenggelek wonten Gunung enggal, mapan wonten ngriku. “Dieng” dangu-dangu mungel “dhieng”.
Wondene rerimpilaning Gunung Puser ingkang dhawah mambrah-mambrah sa enggen-emnggen, sami dados gumuk (pegunungan alit-alit).

Kocapa sakathahing para dhedhemit ing tanah Jawi, rumaus sami kewirangan, dene ngantos kawon kadigdayanipun. Pramila sami mboten narimah; Tanpa penarentah , sami saiyeg ngroyok R. Kalanadhah.
R Kalanadhah dipun krocok sakathahing sanjata … pusaka-pusaka ampuh … dipun prawasa mawi sawernaning gegaman ingkang landhep, angemu wisa-wisa mandi; … parandini R. Kalanadhah kersa mbales; mboten pisan-pisan nedya lumawan. Amung pasrah  sumarah dhateng panguwaosing Hyang Murbeng Gesang.
R. Kalanadhah ingkang sampun mboten saged ngglewat, dipun bandhuli sela gilang sak gemung anakan agengipun. Tumunten kacemplungaken sak lebeting lepen ageng.
Sedyanipun badhe dipun ranjap mawi sanjata-sanjata dibya ingkang langkung dining ampuh kagila-gila.

Ing sak lebeting gedhung, Rahardyan Kalanadhah  hangeningaken cipta; … Tan pantara dangu … Sang Hyang Mayangga Sisa inggih Sang Guru  Sejati, … ketingak hangejawantah ing madyaning Alam Rahsa-Jati.
Mekaten menggah pangadikanipun; … Kalanadhah … wus katarimah pasrah- sumarahira mring Hyang Murbeng Urip … marma … Rahayu … kang tansah tinemu … away akasuwen ing njero banyu … sira kepareng.   Tri Wikrama … mbrastha watek dur angkara ………… Ulun makahyangan.

R. Kaladadhah sigra cancut tali wanda … matek aji Triwikrama … medal saking sak lebeting kedhung; … sila gilang sak redi anakan, … ketandhang … samyur … mawut pathing pancelat … kontal tebih … pecahan-pecahanipun semebar … ingkang sami dhawah ing pegunungan Kendheng, ing tembe kawastanan Watu Lintang; … watu panggal; … watu belah … watu golong … lan kathah malih namining watu sanes-sanesipun.
Geger sakathaing dhemut ingkang saweg sami ngaso ing sak pinggiring lepen … dupi mulat raseksa gung … ngungkuli Ardi Puser agengipun; … lampahipun hangoregaken bantala  … sanalika lepen ageng banjir bandhang ….    Gunung Peser nyemburaken brama … lahar umob wutah saking kawahipun … peteng dhedhet  lelimangan ing tawanggana ….
Saking ambegan (napas) nipun Sang Raksasa, … mijil prahara sindhung riwut magenturan … Sakathahing para dhedhemit bubar mawut kabuncanging maruta … sami dhawah wonten papan panggenanipun piyambak-piyambak.
Sang ratu kidul datan kasamaran mring sedaya ingkang sarwa agal miwah sarwa alus; … gya sumungkem mring pepadanira Sang Raseksa Gung Binanthara, alon wijiling pangandika;
Dhuh … dhuh … Pukulun, paduka sayekti Dewaning Pangreksa – Inggih pangreksaning sak gung dumadi; … menawi paduk tan karsa ngracut Triwikramanipun, temah jagat raya sak isinipun badhe lebur dados endhep-endhep pangamun-amun … ateges Sang Wisnu Bathara Cidra ing ubaya.
Sanalika ical sipating Yaksa Gung … bandhar sejatine R. Kalanadhah … sigra sumungkem mring pepadsaning Sang Ratu; … nyuwun agunging pangaksama, jer pakartinipun, muhung minangkani karsaning Hyang Maha Suci.
Sang Ratu satuhu wicaksana ing budi, sarta mboten badhe kasamaran, dating laku jantraning kawontenan; pramila naming puja-puji syukur ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Amurba Maha Amisesa Jagad Raya sak isenipun ….
Katarimah darana bektinipun R. Kalanadhah; Kanjeng Gusti Ratu Kidul amisudaDyan Kalanadhah; kaparingan panguwaos; Jumeneng Pambaureksa  sarta memayu hayuning bumi wewengkon Banyumas, ingkang makahyangan ing sak celaking sendhang/ belik emas.
Wisudan tanpa upacara; nanging kaseksen bumi langit sak isinipun; katanda ing ngantariksa kepireng swanten gumaleger … ambabar ganda amrik arum angumbar sumebar ing Bumi Banyumas.

Lepen ageng ingkang kangge Triwikrama, saking kaparenganipun Sang Ratu, minangka pepenge, kaparingan nami kali “Serah hayu” … mendhet saking prastawa, duk natkala R Kalanadhah among “pasrah” sumarah dating Pangeran Ingkang Maha Agung, mahanani “Rahayu” ingkang tansah pinanggih. Dangu-dangu mingsed tembungipun, dados kali Serayu.
Dene Gunung Puser, ingkang sekawit sakelangkung inggil, saksampinipun dipun endhepaken, sampun mboten mutawatosi malih bilih badhe gugur; pramila Dyan Kla nadhah maringi tetenger: “Gunung Slamet” ing pangajap, murih wilujeng ing samudayanipun.


Wasana …. Among sumanggeng karsa.




Babad Bupati Banyumas


Minangka tindaak lajengipun, kangge  minangkani wangsiting Pangeran Ingkang Maha Ageng ing dinten “Sabtu Pahing” … Kanjeng Gusti Ratu Kidul ngawontenaken Parepatan Agung, ing Kadhatonipun (Kahyanganipu). Rahadyan Kalanadhah ing Bumi Banyumas sedaya pangarsaning Dhedhemit sak Nuswa Jawi, kadawuhan andatengi np[arapatan agung punika wau.
Menggah wigatosing pasewakan, perlu ngrembag bab wewengkon Banyumas, ingkang dereng wonten Prajanipun  (Pamarintahipin). Mangka sampun sak watawis kathah para kawula ingkang sami manggen ing papan ngriku, sami ulh tetanen, sak weneh wonten ingkang tampah olagung.
Reh ning dereng wonten pranatan paugeraning praja, pramila gesanging para kawula tansah sami mengsahan setunggal lan setunggalipun, ingkang asring kangge jalaran, sami rerebatan: tedhi, pawestri, siti, tuwin barang-barang ingkang edi peni, ingkang amengini; satemah ndadosaken raja pati; tanpa ingkang merduli … sarta mboten wonten ingkang mersudi … kajawi menawi bapa biyung  kakai-nini, … ingkang kanelangsan ing sak lami-lami. Kawontenan ingkang makaten meh ing saben ari … tansah damel ngeresing ati.
Ingkang menang, wenang tumindak sak sekencanipun piymbak, damel papa centrakaning ngasdanes.
Menawi bab prakawis punika mboten tumunten dipu pambengi, tentu badhe telas manungsa ing papan ngriku.
Mangka … wangsiting Hyang Maha Agung; … tiyang ingkang kuwawi ngembat pusaraning Praja ing Banyumas, yen sanes titising ngluihur; trahing kusuma rembesig madu, tedhaking tirta wening, tangeh lamun saged ngasta bawat pangadilaning Praja; … amargi tan kasinungan daya kawibawan ingkang sayekti.
Awit saking punika, sang ratu paring dhawuh; kadi pundi menggah prayogining lampah, mbudidaya murih kasembadaning sedya ….
Menawi kedah kanthi sarana; ngempalaken balung apisah … antawising Jawi wetan kaliyan Jawi kilen … rumaos ewuh aya ing pambudi temtu mboten bandhe kalampahan kanthi saraning aris; … awit antawising wetan lan kilen sami dinten kuwatos ing babagan Nagari.
Saksampunipun karembag, sedaya sami asung pamanggih, wosing pirembagan, pathinipun naming nunggil misan kemawon.
Mila lajeng katetepaken; bilih tan wonten margi sanesipun malih, kejawi … kapeksa ngawontenaken iguh pratikel … damel prangrekadaya … sinaosa kedah mawi bebanten … murih kasembadaning sedya; jer sampun wonten tetembangan; “Basuki mawa bea”.
Ki Raja Bau Reksa; ugi Ki Durganeluh … ingkang sami ambau reksa Negari Majapahit, sampun sami sagah bilih badhe manunggalaken wiji wetan kaliyan kilen awit ing nguni, sejatosipun maksih nunggil wiji.
Menawi mboten kakempalaken dados setunggal, Majapahit saklaminipun badhe memengsahan kaliyan Pajajaran … tanah caban sumpah prasetyanipun Sang Maha Patih Gajah Mada.
Mekaten ugi Ki Kareteg Pambaureksa negari Pajajaran … sgah amnbiyantu pakaryan kasebat, sinaosa awrat anggenipun badhe nglampahi.
R. Kalanadhah ngaturi pepenget; bilih dinten Setu Paing gumathoking pirembagan sampun kawiyos pangandikaning sang Ratu Kidul, bilih jer basuki mawa bea … kangge bebantening  Laladan Bnayumas, … ninangka sarana badhe madeging kaprajan  … ngentosi prapteng wahyuning mangsa kala.
Pramila  tedhak turun Banyumas ing tembe wingkingipun, sami puruna anyinmgkiri dinten Setu Pahing, … sampun kangge kekesahan murih eca sakecaning pribadi. Utawi sandyan kangge kepentinganing praja, kalamun nalisir tumindakipun badhe apes jayanipun.
Purna parepatan Agung ing Banyumas … sedaya nedya anetepi sesanggemanipun piyambak-piyambak.






















Peristiwa ing Tlatah Bubat

Gantya ingkang winursita duk natkala Sang Prabu Hayam Wuruk dereng kagungan garwa Prameswari, Maha Patih Gajah Mada nampi wangsiting Sang Pambau Reksa Praja Majapahit, bilih blengketing Nusa Jawi, kedhah mawi sarana “nglempakaken balung apisah”. Liripun Sang Prabu kersaa  nggarwo putri sakaring Praja Pajajaran.
Sarana angrawuhaken Nata Pajajaran sak putrid-putrinipun; … Murih ing sak margi-margi … para kawula alit mboten ajrih nginten bilih badhe wonten larungan peperangan ageng, pramila praptanipun Sang Narendra Pajajaran sak pandherek wadya tantranipun, mboten kenging asikep gegaman parentosing perang.
Ing sak derengipun dumugi kKeraton Majapahit, minangka pakurmatan, Sri Narendra Pajajaran kapenthuka mawi busana suci, kinen ngagem ingkang sarwa sita; tuwin sinebaran sakwernining  sekaran ingkang aganda arum.
Tanggap ing sasmita, Patih Gajah Mada sampun sarembag kaliyan Sang Prabu, tumunten utusan punggawa, kinen ngaturaken nawala ndhateng Praja Pajajaran.
Kaleres dinten pasewakan agung, Srei Nata Pajajaran ngendikakaken, bilih pikatuk wangsiting Sang Pambaureksa Nagri, ingkang supados manut saha miturut dhateng karsaning Raja Majapahit, murih tentreming Tanah Jawi.
Pramila sareng sampun uninga suraosing nawala saking Prabu Brawijaya (kaping II), tanpa kapanggalih langkung rumiyin, dinten enjangipun tumunten bidhal dating Majapahit.
Sang Raja sesarengan putrid keaklih, Dyah Pita Loka kaliyan ingkang rayi Dewi Puspita Rukmi, sami nitih  Rata Kencana. Kaderekaken Prajurit Karaton, sami nitih Turangga.
Mboten kacariyos menggah kawontenan ing sak margi-margi, awit ngambah wana gung liwang-liwung , pramila randhat tampahipun.
Dumuga Laladan Bubat, kepethuk wadya-tantra Majapahit, ingkang tinindhihan Senapati mudha R. Harya Prabandanu, kabiyantu Pangeran Pati r. Harya Tunjung Sita. (tunjung Sita, kadang turunanipun Prabu Hayam Wuruk tunggil yayahrena).
Saksampunipun tunggal wacana sak wetawis, kanthi raos awrating penggalih, kepeksa R. Prabandanu ngendikakaken ingkang sayektosipun, menggah karsanipun Prabu Brawijaya, Raja Pajajaran sak wadyanipun, kinen nungkul sarananing aris, ngayon dhateng Pangwasaning Praja Majapahit. Rumaos kapaika, Narendra Pajajaran duka yoyah sinipi ….
Sulayaning rembag, dumados bandayuda rok bandawla pati. Paprangan ingkang mboten imbang  … kadi timun mungsuh duren.
Kacariyos Raja Pajajaran sak wadyanipun, tumpas tapis seda ing rananggana, minangka bebanten, kemajenganing tanah Jawi ing tembe. Mila pangruktining kunarpa ingkang samya gugur ing payudan, netepi darmaning satriyatama, kinurmatan upacara ingkang langkung dening ageng.
Dyah Pita Loka ingkang badhe kagarwa Prabu Hayam Wuruk, pinanggih seda ngayut-tuwuh, dupi mulay ingkang Rama sakwadyanipun sami gugur ing palagan.
Kocapa Dewi Puspita Rukmi sampun ngunus pusakanipun, nedya suduk salira … pucuking cundrik sampun kapapnaken, pinering  jantung ing tengah jaja; radi mangiwa, natkala asta kaayunaken manginggil, dumadakan mrucut, … kasaut dening R. Tunjung Sita.
Sang Dewi kabopong, kasampiraken pundhak kering … kebat kadi kilat malunpat gegering turangga … kabekta mlajar… mlebet ing wana wasa … mangilen paranipun … sakedhep netra sampun mboten ketingal.
Nguningani mlajaring Tunjung Sita, … R. Prabandanu sigra nyengakaken wadyanipun, kinen nututi.
Sareng sampun sak watawis tebih, ing madyaning wana gung, R. Tunjung Sita kendel ngaso ing sacelaking sendhang;
Kanthi tlatos, sbar, sareh, sarta ambudidaya mrih lilih sarta lipuring panggalihipun Sang Dewi. Jer sedaya kedadosan punika wau, manungsa among sipat saderma nglampahi punapa ingkang smpun dados garis pepesthening Gusthi Ingkang Murbeng Gesang …. Ingkang ing sak lajengipun, saged miangka tepa palupi, menggah awon sae ning lelampahan.
Dangu-dangu Sang Dewi rumaos kapranan, dupi mulat citranipun R. Tunjung Sita, ingkang satuhu sugit linangkung.
Sak lebeting driya  nedya suwita dating sang Abagus, … sinaosa mlebet lenging semut tan arsa pisah.
Mekaten ugi R. Tunjung Seta ingkang dhahat kasmaran, wiwit pirsa kasulistyaning Sang Dewi, duk pinanggih kapisanan wonten Bubat, Mila esthining manah, tan nedya kondur dhateng Majapahit, ajrih manawi kadukanan Sang Prabu.
Kalih-laihipun sami andawahaken prasetya, bilih nedya gesang sesrayan ing sak lami-lamining gesang ing Bawana  prapting delahan.
Natkala sujanma kekalih nedheng sih-sinisihan, katungka praptnipun wadya prajurit Majapahit, gumrudug ngepung R. Tunjung Sita.
R. Prabandanu sigra mrepeki R. Tunjung Sita klaturan kondur dhateng Praja, dene Dewi Puspitarukmi badhe kapasrahaken datang Sang Prabu, minagka gentosaipun Dyah Pita Loka.
Sulayaning rembag dumados campuhing ngayuda.
R. Tunjung Sita ingkang tansah ngamping-ngampingi Sang Dewi, kinepung wakul binaya mngap para prajurit Majapahit; Pranyata Dyah Puspita Rukmi ugi prajurit Pitri Pajajaran; limpad cukat trengginas trampil  tandangipun, kadi sikatan nyamber walang, kathah prajurit sami dhawah kantaka, kasebat rikmanipun Sang Dewi ingkang panjangipun Sang Dewi ingkang panjangipun kalih dhepa menawi pinuju kauri.
Saking kathahing para prajurit Majapahit, R. Tunjung Sita  kaliyan Dewi Puspita Rukmi, aluwung oncat saking palagan tinimbang kathah prajurit ingkang sami dados korban.
Parandene tansah dipun bujung-bujung, ngantos dumugi Leladan Jawi Tengah.
Ing madyaning wana Pegunungan Kendheng, sujanma kekalih kinepung, sarta linmpahan panah mangewu-ewu cacahipun.
Kangge mungkasi karya, kapeksa R. Tunjung Sita matek Aji Prahara dahana … mijil saking anggenipun … dahana mangulad-alad binarung prahara ageng … sumiyut … gemrubug swantenipun  … ingkang katrajang sirna mawut wadya prajurit Majapahit … sami tinggal glanggang colong playu … wangsul dhateng praja, atur palapuran ngarsaning Sang Nata.

Udakara sampun Ari madya warsa dangunipun, sujanma kekalih ing madyaning wana gung liwang-liwung, … mboten ngertos ler kidul wetan kilen … lampahipun tansah nrajang gegrumbulan rerungkudan glagah alang-alang, tuwin ri bebondhotan … ingkangkang tanpa wates. Swasana tansah peteng, kayoman wreksa-wrekasa gung ingkang angrembuyung gegodhongnipun … Bawaning satriya linangkung, pramila sanggyaning sato-galak tuwin gegremetn ingkang ngemu wisa, sami sumisih mboten wantun ngganggu dhemit.
Sangsaya mengilen lampahipun; dangu-dangu sujanma  kekalih ketilasan tenaga; … ngaso ing sangandhaping gegrumbulan sinambi madosi wowohan ingkang wonten papan ngriku … dumadakan wonten  Kemangga raseksa sa tampir anggenipun … nyembur-nyemburaken wisa mandi … tetuwuhan ingkang kenging dayanipun wisa, nglodhog sanalika sami alum.
Kemangga raseksa murugi sujanma keklih, ingkang sampun lempoh katelasan daya tenaga. Sangsaya caket … suku ngajeng kajunjung manginggil … tutuk mangap-mangap … nyemburaken wisa.
tunjung seta sigra nyawataken sela pusakanipun, mlebet tutuling Kemangga .… jumedher swantenipun, pejah sanalika. Minangka pepenget mbenjing rejaning jaman, menawa dados desa,  kawastanan Kemawi (Kemangga Wisa).
Sangsaya mandhap mengilen, wana gawat keliwat angker kepati … dununging para Lelembut Brekasakan. Mbah Aji Dipa pambaureksaning ing papan ngriku, … ngungelaken pusaka klinthingan; asung sasmita bilih sedaya drubiksa lelembat ing papan ngriku, mboten kepareng ngreridhu lampahing sujanma pinunjul; … R. Tunjung Seta miring swantening klinthingan, nanging tanpa rupa ….  Ing tembe menawi dados desa, kawastanana Desa Klinthing … Lampahipun sangsaya mangilen tansah gegandhengan kejeglong … Tiba bareng dhiajeng, kecemplung wangan; …  ing tembe kawastanan Grumbul “Banjarnegara”.
Lampahanipun mandhap mangidul ngilen … nalika badhe mendhet toya ing sendhang, dhawah sesarengan, sami semampir ing pinggir giwing; … Ing tembe tinengeran Grumbul “Semampir”.
Mlampah malih mandhap ngilen ngaler … saking sayahipun lampahipun sami sempoyongan dumugi pereng, sami dhawah keglundhung tebih … ing setunggal nglimpruk / nglabruk wonten suketan, dene ingkang setunggal dhawah ngringkuk ugi wonten suketan; … Ing tembe tinengeran Grumbul Nglabrug; dene setunggalipun  kawastanan Grumbul Ngringkuk.
Nalika jawah, jawah ageng bledheg ngampar-ampar, R. Tunjung Sita kaliyan Dewi Puspita Rukmi, ngaub wonten lampengan sisi wadhas … Ing  tembe winastan Grumbul Lamping.

Kacariyos ing sak danguning lumampah mblasak-mlasak ing satengahing wana greng pegunungan Kendeng, R. Tunjung Seta kathah damel tetenger, kangge mastani nami-namining tlatah … mbenjing titi wanci wonten rejaning jaman. Pramila papan wana  pegunungan ingkang pungkasan kangge mandhap, ing tembe menawi dados desa, kawastanan Desa Tanggeran.

Enggaling cariyos R. Tunjung Sita sekaliyan Dewi Puspita Rukmi, babad wana ingkang sampun katelah tlatah Banyumas; … kawiwitan saking sa celaking bilik, ingkang sampun gadhah nami bilik emas. Sak sampunipun resik lajeng damel padhepokan (griya) ing papan ngriku.
Setunggaling dinten, sujanma kekalih dipun panggihi R. Kalanadhah, ingkang Ambahu-Reksa tlatah Buni Banyumas; perlu andaupaken R Tunjung Seta  kaliyan Dewi Puspita Rukmi, dadosa jodho ing sak lami-laminipun. Ingkang badhe anurunaken wiji pinilih … ingkang kasinungan “Wahyu Praba Kencana Tirta” ingkang ing tembe yen sampun dumugi titiwancinipun, badhe saged ngasta Pusaraning praja ing wewengkon Banyumas.
Sak sampunipun dhedheupan, ingkang karawuhan Kanjeng Gusti Rara Kidul, ugi kaseksinan sak gunging dhedhemit Tanah Jawi, R. Kalanandahah kepareng paring seserepan bab kawruh kasmpurnaning gesang, sarta paring pusaka duwung ingkang ugi winstan duwung Kiai Kalanadhah minongka piyandel dhumateng R. Tunjung Seta, mbok bilih ing sa wanci-wanci katempuhing panca baya.

R. Tunjung Seta sekaliyan, ing sabendintenipun tansah ulah tetanen; mindak diten sangsaya wiyar pangolahing siti; papanb ingkang kathahtoyanipun kadamel pasabinan; dene siti thungkrang kadamel pategalan kataneman palawija sak werninipun. Saya dangu ketingal gemah ripah loh jinawi  karta raharja ing papan ngriku.
Murih mboten ngawstarani R. Tunjung Seta ingkang sampun asipat tiyang tani, lajeng nganggi nami Ki Wiryantani; Dene ingkang garwa Dewi Puspita Rukmi, ngangge nami mbok Rukmini.
Kacariyos sangsaya dangu sangsaya kathah tiyang-tiyang saking sanjawining rangkah, sami mlebet dados warganipun Ki Wiryantani.
Prasasat saben dinten tansah ketambahan warga ingkang saking pundi kemawon….
Warga enggal ingkng dereng gadhah panggenan, kanthi gotong royong kadamelaken griya … sarta kabiyantu tedhi ing saben dintenipun. Ingkang dereng gadhah sabin tuwin pekawisan, kanthi gotong royong kababadaken wono … mekaten ing sak lajengipun, mindhak tahun sangsaya jembar laladinipun ing Padhukuhan  Banyumas … lajeng kawastanan Desa Banyumas.
Sangsaya kawentar menggah kamajengan sarta kamakmuran ing Desa Banyumas, sangsaya tambah-tambah titang-tiyang bara (biara) lampah dagang ingkang sami netep dados warga Desa Banyumas.
Elokipun dene tiyang-tiyang saking pundi kemawon, sanadyan tiyang-tiyang saking pundi kemawon, sanadyan tiyang-tiyang saking Tanah Sabrang, menawi sampun mlebet dados warga Banyumas, ingkang sakawit tiyang awon, dados sae … ingkang brandhal, dados tiyang ingkang remen tetulung, ingkang kejem-tegelan, dados tiyang welas-asihan, ingkang sekawit brangasan dados sabar narima; makaten saksaminipun.
Sedaya warga ingkang ngriku, grsangipun sami kacekapan; mboten wonten ingkang mlarat, ugi mboten wonten ingkang sugih.
Ki Wiryantani kaliyan mbok Rukmini tansah welas asih tresna dhateng sedaya warganipun. Asring maringi seserepan bab punapa kemawon ingkang gegayutan kaliyan gesang bebrayan.
Ki Wiryantani kanthi kabiyantu warganipun, lajeng miwiti ngawontenaken pranatan, murih ketingal langkung tata titi tentrem.
Saben pitung dinten sepisan sedaya warga sami nyambut damel  kerigan … gotong royong; saperangan damel margi, saperangan malih damel kalinan kangge ngileni toy sabin; sebagian malih damel kreteg; saperangan malih damel papan wewangunan kangge pirantos pakemplan; ugi papan pamulangan kangge lare-lare utawi nem-neman; ugi damel wewangunan kangge papan Panembah mring Pangeran … Mekaten ing sak lajengipun … ugi kawontenan cacah jiwa ingkang kacathet utawi kaserat wonten ron-tal. Dene sedaya seratan-seratan punapa kemawon kasimpen wonten “Panti Pranata Warga” (Kantor Desa) ingkang sampun kadhapuk pedamelanipun.
Rondha desa dipun wontenaken. Dene pajeg awujud pantun, jagung lan sanes-sanesipun kasimpen wonten Lumbung Desa; sawanci-wanci dipun betahaken, saged dipun ginakaken.
Sedaya warga Banyumas sami sumujud, ngajeni, ajrih nanging welas asih, sarta manut soho miturut dating Ki Wiryantani sekaliyan, ingkang tansah tumindak kasaean, kanthi adil tuwin wicaksana; sami nganggep kadi dene bapa – biyungipun piyambak sanadyan taksih yuswa enem.

Amarga saking rumaos kawratan budi sae, sarta rumaos nunut yoni, ndherek mukti wonten Banyumas, saking agenging lelabetanipun Ki Wiryantani sekaliyan, mila sedaya para sesepuh, pinisepuh, tetunggaling warga, sinengkuyung deneng sedaya warga Banyumas, saiyeg saeka kaptinyengkakaken ngaluhur … Rama Wiryantani … kajumenengaken Pangarsaning Praja Banyumas (Panguwasanipun sami kaliyan raja). Jejuluk “Sri Nara Nata Jiwangga Yekti”. Dene Ibu Rukmini kaju minengakaken Garwa Prameswari.

Kacariyos Praja Banyumas sangsaya jembar laladanipun sangsaya kathah prakawis-prakawis ingkang kedah dipun rampungi.
… Nata Praja Banyumas dhahat sungkaweng driya dupi midhanget pawartos, bilih ing tlatah sisih ler, kataman pageblug sesakit ingkang langkung anggegirisi.
Sakit enjing, sonten pejah; sakit sonten, enjang dumugining janji. Bawaning prenyakit, anyengkaraken siti ing tlatah ngriku. Banjir bandhang yen mangsa jawah; dene yen ketiga, tan pisan-pisan  wonten toya.
Sang Nata tumunten tedhak ing papan ngriku, meminta sih kawelasaning Pangeran, sarana teteki ing sanginggiling mandira gung … Ing tembe papan ngriku  tinengeran nami Ragasemangsang.
Katarimah samadinipun sanalika pageblug musna, … tut-tut sami medal pathing jembual … temah siti ing laladan ngriku lajeng ketingal reja. Ing tembe tinengeran nami Desa Purwokerto.
Sang nata kondur mengidul; kendel ing papan ingkang sitinipun (pategilan) ketingal loh-jinawi; rumaos karenan; kasukan ing penggalih. Ing tembe tinengeran nami Desa Sukaraja, dangu-dangu mungel Sokaraja.


Gantya kang winuwus
Kacariyos ing tlatah wonogung, sak kilening Ardi Slamet, madeg Paguron Kawruh Sasar (Ilmu hitam).
Sang guru peparab Kiai Jaliman; asal saking Manca bawana, sakalangkung wengis, kejem, digdaya, sekti mahambara; murid-muridipun para brandal-brandal  sangsaya kathah, sarta tansah dhamel reresah, mbegal, anjarah rayah ing sauruting pesisir ler.
Barang-baranbg pangaja; emas, inten, berliyan lan sanes-sanesipun, kaklumpakaken (kasimpen) ing satunggaling papan rumpid ing tlatah kidul. Ing tembe kawastanan Desa Ajibarang. Sedyaning Kiai Jaliman, nedya  njomplangaken negri majapahit.
Patih Gajah Mada ndawuhaken R. Bratanala (taksih putra Brawijaya I) kinen mandegani prajurit, numpes reresah ing Jawi Tengah.
Rame peperangan ing wewengkon paguron kasebat. Prajurit Majapahit kaseser ing ngayuda.
Para prajurit kinen lampah dhedhemitan ing setunggaling lepen ingkang rungkud ….  Ing tembe tinengeran nami Kali Majapahit.
R. Bratanala kaprancondhang yudanipun … nitih turangga mangidul paranipun; Tansah dipun  bujang dening Ki jaliman, ngantos mlebet tlatah Banyumas.
Mboten nginten baba pisan, dene saged pinanggih putra palunan, R. Tunjung Seta inggih Sang Nata Jiwangga Yekti.
Sami-sami sakelangkung bingah sami rerangkulan … midhanget atur panganmdikanipun ingkang paman, R. Tunjung Seta tumunten ngadhepi yudanipun Ki Jaliman. Dangu anggenipun ayun-ayunan aben kasekten. Kangge mungkasi karya, pusaka Kalanadhah sigra katamakaken anggening mengsah … Ki Jalinan pejah sanalika … salah kedadosan yitmanipun dados sawer jail … sapucang agengipun. Sawer katudhung; kinen jagi katenreman ing tlatah ler; … . Paguron Jaliman bubar … Bumi ing papan ngriku temah Rahayu kalising bebaya tuwin rubeda; … mbenjing dados desa tinengeran nami Desa Bumi Rahayu … dangu-dangu mungel Bumiayu.

R. Bratanala  krasan manggen ing Banyumas, tumunten babad wana ing padhukuhan Tenggaran. Mbenjing ing tembe katelah grumbul Karang-dhuwur, pasarehanipun Mbah Nala Branta ugi kasebat Eyang Yasa Branta. Awit nalika maksih mudha, bagus warnanipun, ing pundi-pundi tansah damel brangtaning para Kenya.

Makaten ujaring cariyos, menggah kawontenaning Banyumas duk ing nguni.

Sak surudipun Sri nara Nata Jiwangga Yekti, … mboten wonten cariyosipun … mbo menawi kemawon, reh ning R. Tunjung Seta jumeneng  Nata punika, awit kajunjung dening sedaya para kawulanipun.
Mangka padatanipun, jumenengan Ratu punika, ingkang misuda inggih Ratu ingkang badhe lengser kaprabon, Utawi saking idi palilahing Ratu ingkang badhe ka gantos.
Tumprap jaman sak mangke, ingkang leres mestthinipun nggih ingkang kados R. Tunjung Seta punika; ingkang dipun junjung dening sedaya para kawulanipun.
Awit saking punika, pramila lajeng cunthel lelampahan Praja ing Banyumas.
Dene putra wayah tendhak turunipun R. Tunjung Seta, inggih tetep dados Pranata Katentremaning Bumi Bnayumas, nanging mboten sinebat Ratu, utawi sebatan sesanesipun.
Menggah petilasan/ pasareyanipun Sri Nara Nata Jiwangga Yekti, dumunung wonten ing Desa Kedunguter, katelah nami Mbah/ Eyang Nata Jiwa.



































R. Jaka. Kalimantoya

Kacariyos tendak turunipun Sri Nara Nata Jiwangga Yekti (kaleres canggah) kekasih Jaka Kalimantoya, wiwit alit nandang prihatos, awit katilaran rama-ibunipun. Ingkang rama R. Ranu Wijaya dalah ingkang ibu Rara Maruti, sami dados prajurit Wira Tamtama … seda ing rananggana, duk natkala campuhing  ngayuda antawising Kasultanan Pajang, mengsah wadya tantra Jipang panolan. Kaperjayan dening Sura Birawa, senopati agul-aguling R. Haryo Penangsang.
Sangsaya dewa R. Joko Kalimantoya, kejawi puruita pados ngelmu kangge sanguning gesang, ugi remen nglelantih dhiri ing babagan kawruh kanuragan, tuwin kasusamn; sarta asring nindakaken tarak brata, kanthi lampah samadi maladi hening.
Pramila R. Jaka Kalimantoya ing pundi-pundi tansah sinuyudan dening sok sintena kemawon tiyangipun, langkung-langkung para mudha tarunanipun; amargi remen tetulung dating sinten kemawon ingkang nandang kasisahan.
Saking patedhahing ingkang  Eyang (Eyang Tirta Jatmika; wayah dalem Nata ing Banyumas); R. Jaka Kalimantoya kinen ngawula; lumwat dating praja (kadipaten) Banjarnegara.
Katampi pasuwitanipun, kadadosaken gamel.
Jaka Kalimantoya (ingkang ngaken nami Kalim), kejawi bagus, gagah prakosa sarwi sambada saliranipun, ugi sregep, cumekel ing pedamelan; sarta cukat trengginas trampil tumandangipun, linambaran sabar narima, sae tindak tanduk solah bawanipun; mboten tilar anggah-ungguh, sopan santun tuwin tata kramanipun, dating sinten kemawon. Pramila tansah damel kawigatosan tumrap para remaja putrid ingkang semaya amulat ; … Mekaten ugi sekaring Kadipaten, … rumaos kegiwang menawi pirsa citraning sang abagus Kalim.

Tlatah Kadipaten Banjarnegara, asring kedatengan reresah, ingkanga njarah rayah damel kapitunaning para kawula. Tetungguling brandhal nami Prawanda punika sisaning wadya Jipang Panolan ingkang saweg nglempakaken kekiyatan, kangge njongkeng kawibawaning Praja Mataram.
Nuju ing madya ratri, Prawanda sak  wadyanipun nedya njarah-rayah, ngrisak wewangunan kadipaten; … Temah dumados paperangan; … kathah prajurit jagi ingkang sami pejah.
Sang Hadipati nguningani, tandang damelipun Kalim, ingkang sanget angedab-edabi … Prawanda pejah kapisanan … kenging pucuking duwung pusaka. Sedaya wadya brandhal ngroyok pun Kalim … mboten ngantos  sedasa gebragan  … brandhal ingkang gunggungipun sewidak, sami dhawah kantoko utah ludira….
Wiwit kedadosan punika, sangsaya agung kawigtosaning sang Bupati dating pun Kalim.
Saksampunipun sarembag kaliyan sedaya para sesepuh, pinisepuh, dalah sanggyaning para kadang sentana, … pun Kalim kadhaubaken kaliyan putrid sekaring Kadipaten, dados putra mantu Bupati Banjarnegara.














































Gantya ingkang winursita


Kacariyos manten manggalaning yuda, senapati agul-agulipun  R. Haryo Panangsang awastra R. Suro Birowo; geng aluhur dedeg piadeganipun, godheg –wok asimbar jaya … awatek budi candho io  sesongaran  … adigang adigung … adiguna; … Digdaya sekti mahambara … kagungan  sanjata dibya … Tumbak Kyai Kebo kuning … pusaka peparinganipun Eyang Saou Jagad (Pambaureksa Bumi Jipang Panolan).
Sampun dangu anggenipun nandang seriking manah; tansah mboten narimahaken sedanipun Pangeran Haryo Penagsang.
Esthining manah, nedya mbales pejah … srt ngrebat Pangarwaosing Praja Mataram … Mila tansah damel reresah sarta ontran-ontran ing Tanah Jawi Tengah … Sampun kathah para priyagung punggawaning Praja ingkang dados korban … seda kaprawasa kanthi daksiya.
Dangu-dangu wadya balanipun Suro Birowo meh telas; ing pundi-pundi sami kacepeng, kathah ingkang dipun perjaya dening para punggawa Praja; … Pramila sakelangkung duka yayah sinipi … jaja bang mawinga-winga … kumedut pardoning lathi … sigra ngrabasing ngayuda … ngamuk punggung wonten Kasultanan Mataram … Para Prajuriting Kedhaton pating jrebabah pating sulayah babadan pacing … Eshining manah, nedya merjaya Sri Sultan  … nanging kaprabawan dayaning Pusaka Karaton,  Tumbak Kiai Plered, … Suro birowo sak wedyanipun, lajeng mundur saking payudan ….
Lampahipun sangsaya mangilen  … manggen ing madyaning alas greng … sak liring Lepen Serayu.
Ing ngriku ngempalaken para mudha ingkang gamben-gamben; kadadosaken prajurit  … saya dangu sangsaya kathah wadya blanipun.
Wana ing ngriku  lajeng kababad, … tumanten kadamel wewangunan, memba warnaning Karaton.
Suro Birowo lajeng mandhireng pribadi … jumeneng Hadipati.
Lampahing pranatan Pamrintahan dangu-dangu sk wenang-wenang mila para kawulanipun  sami mboten remen. Ingkang mrengkang, dipun pidana awrat. Sawernaning pajeg, dipun undhak-undhakaken. Tigang prapat saking asiling tetanen, kedah kanggi asok dating Kabupaten.
Bupati Suro Birowo remen ngabotohan, aben-sawung; … madat; main; minum, madon … asring ngruda-peksa wanita-wanita muda ingkang ayu-ayu.
Sang Bupati sengaja damel rombongan begal, kecu, maling, …
Kanggi ngaman; nyebrot utawi ngrowot dating bakul-bakul ingkng sami lmpah dedagangan. Para sudagar-sudagar sugih, dipun jarah-rayah. … Makaten ing sak lajengipun, tansah damel kasengsaraning para kawula, lahir trusing batos.
Mila Bupati Suro Birowo lajeng katelah Bupati Suro Gentho. Dene wewengkon ipun kawastanan Kadipaten Suro. Ingkang sapunika nami Desa Suro.
Papan ingkang asring kasngge mbegal, ngecu, sebrat-sebrot ngrowot, ing tembi tinengeran nami Desa Srowot.
Wonten ingkang dipun pacak, supados ngreksa asil-asil rampog, begal, kecu, maling lan sesaminipun, dipun kempalaken dening setunggaling penggawa ingkang “kawogan –ngrigen” ing salah setunggaling; Ing tembi kawastanan Desa Wogen.
Pawartos awon punika wau, dangu-dangu dumugi Kasultanan Mataram. Dhahat  dukaning  penggalih, Sri Sultan Panembahan Senopati tumunten angagem busana sarwa seba, mlebet ing sanggar Pamelangan; meminta sih kawelasaning Pangeran; sarana angeningaken cipta, amurweng pandulu … among sak juga enering pangesthi, angrawuhaken Sang Ratu Kidul ….
Tan pantara dangu, Sang Ratu ketingal lenggah ing ngarsaning Sri Sultan … Sak sampunipun imbal pangandika sak watawis minangka panglipur, Sang Ratu ingkang asarira Bathara, kapareng ambikak wewadosing jagad; … bilih ingkang saged mungkasi karya, setunggaling nem-neman, ingkang nimbi temanten enggal, maksih Trah Brawijaya; … mawi tandha cahya mencorong saking telenging netranipun ….
Mboten wetawis dangu sagunging nara Praja Mataram anggenipun samya  ngupadi, saged  pinanggih  ing Kadipaten Banjarnegara; ingkang sayektosipun sesilih R. Haryo Joko Kalimantoyo.
Minangka dutaning Nata,  R. Joko  Kalimantoyo kadhawuhan nungkulaken kridanipun Suro Birowo ingkang makuwon ing tlatah Banyumas.
Gancaring cariyos, tandhing yuda Joko Kalimantoyo mengsah Suro Birowo … sami digdayanipun sedaya ngelmu-ngelmu linangkung sami-sami kapatrapaken … parandini … jugar … wigar … cabar tanpa dados sanjat-sanjata pusaka … kaginakaken  … pannggah sami-sami tanpa daya.
Kacariyos ngantos sekawan dasa dinten anggenipun sami  rok bondo wolo pati … sampun sami-sami lempoh tanpa daya … nanging dereng wonten ingkang  purun asoring yuda.
Wasana sami kendel kajengipun piyambak-piyambak … tumunten ngawontenaken bedhamen (damai) … smi prasetya bilih nyuwun wekdal kawan dasa dinten malih kanggi mulihaken otot bebayu tenaga sarta kasektenipun piyambak-piyambak.
Adhapur kapasang yogya … katuju ing ngenu, … dene R. Jaka Kalimantoyo saged ngiras sowan, sarta nyuwun pitedhahing Eyang ing padhepokanipun.
Saking pitedhahing Eyang Tirta-jatmika, ingkang wayah  kinen seteki ing wana greng, sa kidul kilening pegunungan Tanggeran.
Pitu likur dinten Joko Kalimantoyo mensah samadi ing madyaning wana gung ingkang kinubengan glagah alang-alang … mbenjing rejaning jaman kawastanan Desa Pageralang, … dini papan ingkang kangge maratapa, winastan Pertapan. Saksampunipun saged karawuhan Kanjeng Ratu Kidul, wudhar anggenipun  samadi … Ngungak-ungak sak kiwa tengening wana, bilih ketingal mengsahipun; nanging sepen; Ing tembe kawastanan Grumbul Pangungakan … dangu-dangu mingser tembungipun dados Pungangan.
Dene pitedhahing Sang Ratu, pangapesanipun Suro Birowo, wonten garan (gagang) tumbak sageda dipun copot (dipun suda) garaning tumbak ugi dumunung wonten belang ingkang minangka cacad ing tengahing jaja.
Kocapa Sura Birawa ingkang madosi mengsahipun, nginten bilih Jaka Kalimantoyo tetiki wonten wana Tenggaran sisih ler kilen, ingkang ketingal sakelangkung rungkud; estining manah, nedy ngobar wana; murih Joko Kalimantoya pejah kobong.
Suro Birowo tumunten masang pusaka kitiran, peparing saking Eyang Sapu Jagad.
Wasana kitiran mubeng sakelangkung banter, mijil prahara agung … tumanten murub makantar-kantar … dumadakan saking kidul … gumarubug suwantening angin lisus … kitiran murub … kontal kabuncang sami rana … dhawuh sak ler lepen lepen Serayu … wana ing ngriku murub sundhul  ngawiyat … brama sang saya  mrembet-mrembet dating papan sanes. Ing tembe pakawisan ingkang murub, winastan Desa Karang Kobar. Menawi dalu, brama taksih ketingal mengangah mongah-mongah saking katebihan ketingal ngremomong. Ing tembe dados desa, kawastanan Desa Mromong.
Dene papan ingkang kangge masang kitiran, mbenjing tembe winastan Grumbul Kitiran/ ngantos sepriki , siti ing-ngriku, ingkang duk nguni kobong, warnanipun abrit semu wungu.
Joko Kalimantoyo … lumampah mangilen … nengga dhatenging mengsah; mboten ngertos sangkaning bilai, R Jaka dipun krubut … sarta dipun  kepung-kemputdening wadyabalanipun Suro Birowo.
Kaprabawan “Aji Prabungkara ingkang mijil saking netranipun Sang Jaka, sedaya mengsah bibar mawud … mlajar salang tunjang … nguciring ngayuda.
Sang Jaka lajeng kajawara (kawentar dados juwara). Ing tembe dados desa, tinengeran Desa Kajawara; dangu-dangu lajeng mungel Kejawar.
Dene wana ingkang kangge ngrubut sarta ngepung-kemput, ing tembe winastan Krumput.

Prang tanding kalajengaken sakelangkung rame anggenipun silih ungkih … genti kalindhih  … rebutan tumbak … garan tumbak ingkang kadamel saking ruyung pethak … saged kasendal kacepeng ing astanipun Joko Kalimantoyo.
Tumbak Kiai Kebo Kuning ingkang sampun  sudagaranipun, lajeng mlesat kados kilat … mengidul … dhawah tembus ing sisi, jemeger swantenipun … ing ingriku  dados sendhang isi embel (bladher). Ing tembe winastan Grumbul Kebo Kuning.
Dene panggenan ingkang kangge nguda garaning tumbak, menjing rejaning jaman, yen dados desa tenengeran nami Desa Sudagaran.

Anggenipun gegelutan ngantos rontang-ranting busananipun Suro Birowo; … ketingal wonten cacat belangipun wonten tengah ing jaja; … Garan tumbak dipun antemaken penering belang … njerit Sang Suro Birowo … dhawah ngrebabah ndhepani bantala … luntak ludira.

Kaseliring samirana … gregah anulya wungu … mlajar mengaler … garan tumbak sigra kasawataken … pecah mustakanipun Suro Birowo … kabuncang kontal tebih  … dhawah satengahing Lepen Serayu … dados pulo (nusa) … kawastanan Nusapolo. Garan tumbak mencelat dhawah … ing ngriku lajeng tuwuh wit ingkang ngrembuyung. Ing tembe winastan Grumbul Mruyung.
Dene papan ingkang kangge ngantem belang, ing tembe, winastan Grumbul Tembelang.

Midhanget pawartos bilih mengsah Ageng Suro Birowo sampun sirna marga layu, Sri Sultan Mataram sak para punggawanipun, sami tedhak dhateng Tlatah Banyumas.
Ing sak margi-margi tansah damel tetenger, nami-namining wana … menawi ing tembe kawangun dados desa.
Saking katebihan ketingal wonten griya alit satengahing wana … ing tembe kawastanan Somakaton … saya mangilen ketingal griya-griya ageng gadhahing tiyang tani sugih … kawastanan Somagedhe (soma = somah = griya) … makaten antawisipun ing sak piturutipun.
Sri Sultan sak wadyanipun sami kendel ngaso wonten panggenan ingkang ketingal bawera … damel sukaning penggalih mbenjing kawastanan Desa Sukawera … dangu-dangu mungel Sokawera.
Sri Sultan sak wadya nglajengaken  lampah … saya mangilen, kathah tiyan bara (buara) sami kacingkrangan gesangipun  … sami keparingan  dana-dana sak cekapipun. Ing tembe tinengern nami Desa Danaraja.

Awis saking agenging lelabetanipun, R. Jaka Kalimantoya kaparingan nugroho. Sinengkakaken ngaluhur, winisuda jumeneng Hadipati (Bupati) ingkang kapisanan wonten wewengkon Banyumas … sarta jembaring Laladan kaparingan mangreh ¼ (sak pro sekawan) Tanah Jawi Tengah. Mila kasebat Bupati Mrapat.

Kacariyos ing pendhapa Kabupaten Banyumas, saben dinten tansah rame, kathah para kawula ingkang sami sowan, … ndherek nglebeti pandadaran calon punggowo … ingkang lulus, katampi sarta dipun angkat dados Narapraja.
Saben kala mangsa sak pasaran, tansah kepireng swanten gentha kangge ngayak-ayaki para kawula supados kempal, pratandha badhe wonten wara-wara (sosialisasi).
Mila papan mriku katelah nami Genthayakan; dangu-dangu mingsed tembangipun dados Gendhayakan … mengkered dados Ndayakan.
Sang Bupati menawi badhe dhawuh punapa kemawon, tedhak dhateng papan ingkang sekeca hawanipun, tinengeran Grumbul Dhawuhan.
Sedaya keputusan Bupati, kejawi tapak asma, ugi ing setunggaling papan wara-wara (blabag) dipun tengeri paku ingkang dipun gandhen (dereng wonten model stempel) … mila tinengeran nami Desa Pakundhen, dangu-dangu mungel Pakundhen.

Sang Bupati pranyata sakelangkung ben budi bawaleksana. Remen tetulung dhateng sintena kemawon tiyangipun ingkang sami nandhang kasangsaran.
Wiwit jaman rumiyin, asring wonten banjir bandhang saking Lepen Serayu … ngleleb karang pradesan … awit ilining banjir kepentog nusa Polo punika wau.
Sang Bupati kersa tumandang damel, sesarengan kaliyan para pedamel, utawi tiyang-tiyang ingkang nedya tetulung … kala-kala wonten tiyang utawi lare ingkang kentir kabekta banjir. Ugi kathah saso-iwen … kebo sapi menda … dalah barang-barang punapa kemawon sami kendhang … saking dhusun-shusun satepining Serayu saking wewengkon Banjarnegara.
Ingkang sami kecandhak, lajeng dipun “singgahaken” ing setunggaling panggenan … kebo, sapi, wedhus dipun kempalaken.
Menawi sampun mboten banjir, sang Bupati utusan punggawanipun, kinen wara-wara sa uruting dhusun-dhusun pinggir lepen.
Ingkang sami kecalan punapa kemawon, kinen murugi dhateng panggenan ingkang kangge nglempakaken punika wau.
Papan ing pesanggrahan kempal kebo sapi … lajeng mambet “pesing” … mila katelah nami Desa Pesinggangan utawi mungel Pasinggangan.
Kraos salit … Sang Bupati pirsa wonten belik ingkang wening toyanipun sa pinggiring lepen … lajeng ngunjuk ngantos tuwuk.
Katungka dhatenging kintunan dhedhaharan saking dalem Kabupaten … amargi sang Bupati pinten-pinten dinten  mboten kondur dhahar utawi ngunjuk, katungkul nulungi  tiyang-tiyang ingkang sami kendhang.
Sang Bupati mboten kersa dhahar, among ngendika: Hooo … kesusu ngombe … . Mila ing tembe winastan Desa Kalisube.




 

 


Asmaning Bupati Banyumas ingkang kapisanan


Jumbuhing asma, wiwit alit Jaka Kalimantoyo tansah kasesulang seserepan budi pekerti luhur dening ingkang Eyang Tirta Jatmika. Pramila diwasaning ingkang wayah, kasinungan watak ing Satriyatama 5 prakawis:
  1. Tansah ngluhuraken sarta manembah kanthi  sumarah dhateng Panguwasaning  Pangeran ingkang Maha Agung.
  2. Tansah ngluhuraken raos welas asih dhumateng sesama samaning janma, tuwin sesamaning tumitah.
  3. Tansah mbudidaya murih manunggaling para kawula lan Gustinipun.
  4. Tansah rerembagan kados pundi prayoganing lampah, murih saged manunggal karsa  tuwin rahsa, mbudidaya mrih kasembadaning sedya.
  5. Tansah mbudidaya murih gemah ripah loh jinawi ning Nagari, ingkang saged murakabi dhateng sak gunging para kawula, kanthi warata tanpa sela, serta tanpa kuciwa.

Gangsal lampah utawi kasebat punika wau, ingkang tansah kapatrapaken ing sak danguning gesangipun Sang Bupati.

Mila kekasih Jaka Kaiman, kasebataning para kawula, angluhuraken asmaning Sang Bupati.
Awit duk natkala maksih mudha; yuswa 7 – 20 tahun, tansah gentur anggenipun nyinau sarta nglampahi ajaran-ajaran Syariat Islam; Kayakinanipun; Imamipun, nembe tataran wajibul yaqin.
Yuswa 20 – 40 tahun, nyinau tuwin matrapaken ajaran-ajaran Tarekat Islam … kanthi lampah dzikir, tuwin sedaya pakarti sae, dhateng sesamaning makhluk. Imamipun minggah tataran Haqqul yaqin.
Yuswa 40 – 60 tahun, nyinau sarta matrapaken ajaran-ajaran Haqqeqat … kanthi lampah Tafaqur (manekung). Imamipun minggah dhateng  tataran Haqqul yaqin.
Yuswa 60 – sapenginggil, nyinau sarta matrapaken ajaran-ajaran Makhrifat kanthi lampah Tahanudz (samadi maladi hening).
Makaten Sang Bupati Banyumas anguwaos kaduna Hanan (ngelmu Linangkung, inggih sajati-jatining ngelmu panembah seajti).
Pramila Sang Bupati saged jumeneng Islam sejati, awit sampun ngambah tataran:   Iman … Taukhid … Makhrifat … Islam.

Kasebat Bupati Mrapat; amarga pinaringan wengkon ¼ (sak pra sekawaning) laladan Jawi Tengah … kapasrahan  purba wasesa, kinen memayu hayuning  Bumi Banyumas, Cilacap, Purbalingga, lan Banjarnegara.


Para nuprika, mekaten  minggah cariyos:
I.                    Babad Banyumas; Nyariyosaken kala purwanipun wonten nami “Banyumas”.
II.                  Babad Bupati Banyumas, nyariyosaken kawitanipun madeg Kaprajan ing Bumi Banyumas.

Dene minggah cariyos … dhedhemit  Pambahureksa Tanah Jawi, among nyumanggakakaen  … jer mboten pinanggih nalar.
Wondini tumrap ingkang sami pitadhos, minangka pambudidaya mrih  kasembadaning gegayuhn, sok sintena ingkang “njago” Lurah, Bupati, lan sasaminipun, … (Tumrap eks Karesidenan Banyumas), kersaa nyuwun idi pangestu, sowan Eyang Kala nadhah, ingkang Kahyanganipun dumumung ing Sudagaran Banyumas, sak kilen Belikemas (pojok ler kilen eks Kawedanan Banyumas; ngandhap wit asem kamal).


Wasana kasigeg


Ngaturaken gunging panuwun-panuwun sewu lepat mugi kaparingana agunging samudra pangaksami.


Nuwun,


( Kusnandar )

Kec. Somagede







Makaten minggah pangudasmaraning driya yen  tu kawedharing lisan ; Dhuh … dhuh Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung; … Ingkang Maha Welas; … Maha Asih … Maha Adil … Maha Wicaksana … Menapa pidosa kula sakalangkung ageng; … dini tinitah dados dhuwit? Mangka sipating dhemit; … kenging sakit tan kenging pejah; … Dede yektosipun gesang punika sejatosipun kasangsaran; … menawi mboten saged pejah, ateges kinen ngraosaken raosing kanarakan … pidana siksa ing sak lami-laminipun … Dhuh Gusti … bab punika ing kayektinipun, bilih sak dangunipun kawula dhados dhemit, naming dhemit ingkang tanpa gina … dene mboten pisan-pisan darbi panguwaos, murih saged asung darma-bekti dating sesama-samaning tumitah.
Ing sak dangunipun, kawula naming dados abdi … gedibaling para dhedhemit ageng sak Nuswa Jawi; Kang mangka, dhemit-dhemit ingkang dados Gusti sesembahan kawula, kathah ingkang sami tumindak sesongaran … adigang adigung adiguna … dak siya sarta sak wenang-wenang.
Tanpa gina gesang kawula yento tan saged ambrastha watak-watak budi candholo … pakarti asor inking sangsaya ngrembaka; ingkang nedya badhe adamel karisakan ageng tumrap gesang sarta panggesanganing para titah ing madya pada.
Dhuh Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Gesang; … among paduka ingkang  kawula sembah … ugi among Paduka ingkang dados telenging manah kawula; … murih mboten kalajeng lajeng anggen kawula nandhang siksa neraka, prayogi kalebur kewala gesang kawula ingkang tan piguna punika; … kaparenga rinilan gesang kawula … ngabyantara ing ngarsa paduka.

Makaten R. Kalanadhah langkung deneng nandhang prihatos; … esthining manah datan sanes among kepingin sigra wangsul dating asal kamulanipun, inggih ing Alam Sonya ruri, Alam Pangeran Sayekti.
Sampun gembleng tekadipun, R.Kalanadhah sigra mengsah samadi maladi hening; sidhakep saluku tunggal; … sarwi mranata panjing – wilujeng uswa; … sareh alon lampahira; … tri pandurat kemput angijeri Tri Bawono, inggih Tri Loka; yana Loka … Endra Loka … Guru Loka … mekaten, ma wandya laksana (ma wantu-wantu).
Sampurna lampahing uswa; (napas); sigra matrapaken suraosing Aji Sastra Jindra Yuning Rat pangruwating Diyu; … mandeng pucaking grana, tumuju mring dununging caksana; Amung sak juga ingkang sinidikara; meminta wewenganing Pangeran Ingkang Maha Mulya … Maha Suci Sejati ….
Wusana recep … sidhem premanem; … jagat sepi tan ana ganda … swara  … rupa … miwah warna; Pakartining satwan driya kapuntu … katinon sak ing pramananing Rahsa jati; teja manther sak sada lanang gedhene … pls … kemlibat kadi kilat … cumlorot  amiyak warana Alaming Budi … endah warnani pating galebyar cahyane … kadayan weninging cipta.
Saking genging pangesthi, datan nglegiwa kaendahan Alaming Budi; … Tanah kawiyak warananing Alam Angkara … pranyata endah linangkung; pating pancorong cahyane, kaprabawan dayaning Catur Angkara; … satuhu gawat-keliwat mawa daya pangaribawa langkung dening hanggegirisi; (mila kathah ingkang sami cabaring lampah samadi, margi mboten kenceng pangesthinipun; utawi mboten ageng tekadipun).
Mangkono Alaming Angkara sigra karuwat, nuli katon  kawiyak warananing Alam Susma; Langkung dening endah swasanani mawa praba kumenyar hanelahi … gawe kepranan sarta sengseming kang samya mulat.
Gung bawaning pangesthi, tan kegiwang kaindahan Alaming Susma.
Wasana … tinarbuka … warananing Alam Rahsa Jati; tanpa pepindhan endahing swasanani … sak jagad raya tan ana padha … padhang gumilang datanpa wewayangan … adhem ayem tentrem kahanani …..
Amung sak gebyaring thathit jleg … tanpa sangkan praptani Sang Hyang Mayangga Sita … katon ngalila ing madyaning Alam Rahsa Jati.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar